Senin, 07 Mei 2012

contoh parikan


Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
b. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing  prasaja.
c. Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh      jejer, tamba kangen.
d. Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat.
e. Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.
Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.
Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis.
Sirahe, dianguk -  anguk. senenge, yen wis kepethuk.
Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong royong.
Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.  Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.
Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
.Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut  sinau.
Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati
Parikan padinan
Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak
Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.
Peyek diremet – remet. Ngenyek, aja banget – banget.
Pitik walik, jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung
Pitik walik saba kebon. Ketoke cilik jebul babon.
Manuk emprit nucuk pari, dadi murid
Ukara Sambawa yaitu kalimat yang mempunyai makna harapan (pengarep-arep), andaikata (saupama) dan walaupun (sanadyan).
Contoh :
Aja udan dhisik ya yen durung tekan ngomah. – pengarep-arep (harapan)
Yen payu ngono aku kepengin rabi – saupama (andaikata)

Ditambakna nyang ngendi-endi ya ora waras – sanadyan (walaupun)

Ukara Sananta

Ukara Sananta yaitu kalimat yang maknanya kehendak (niyat) dan kemauan (kekarepan)
Contoh :
Kareben lulus ujian, aku kudu mempeng sinau – niyat (kehendak)
Aku arep melu kancaku menyang Jakarta – kekarepan (kemauan)
Rimbag bawa ha yaiku sakabehing tembung lingga kang oleh ater-ater “a-” utawa ater-ater “ma-“ kang nduweni teges nganggo utawa duwe.
Tuladha:
a + sarung = asarung
a + topi = atopi
ma + guru = maguru
ma + gawe = magawe

0 komentar:

Posting Komentar