LAYANG PRIBADI
Standar kompetensi : Mampu menulis surat dan pidato serta menulis huruf Jawa.
Kompetensi dasar : Menulis Surat Pribadi.
A. Seserepan.
Layang utawa nawala yaiku basa kang diaturake nganggo tulisan utawa salah sijining piranti komunikasi kang awujud tulisan.
Layang
pribadhi iku wujude kaya layang lumrahe. Sing dadi pratandhane menawa
layang iku kalebu layang pribadhi yaiku pigunane. Tegese layang mau
digunakake pribadhi marang pribadhi lan isine ngrembug perkara pribadhi
utawa ora perkara kadinasan. mula saka kuwi basa kang digunakake ing
layang pribadhi luwih longgar. Karepe basa ing layang pribadhi ora
kaiket dening aturan - aturan kang baku nanging mung kaiket dening
peprenah antarane kang ngirim layang lang kang dikirimi layang. Nanging
basane layang pribadhi bisa ngoko bisa uga krama gumantung kalungguhane
wong sing dikirimi layang. Menaw kang dikirimi layang kuwi kanca sepadha
- padha utawa peprenahe luwih enom, layang bisa ditulis nganggo basa
ngoko. ananging yen kang nampa layang peprenahe luwih tuwa utawa dhuwur
kalungguhane, prayogane layang mau katulis nganggo basa krama.
Sanajan layang pribadhi duwe kalonggaran babagan basa lan perkara kang dirembug, layang pribadhi ora kena ninggalake subasita
lan tata krama. layang pribadhi uga kudu ditulis kanthi cetha, gampang
dipahami dening kang nampa layang. kanthi mengkono layang mau ora
nimbulake kabingungan lan kesalahpahaman, utamane kanggone sing nampa
layang.
Manut basa, isi, sipat lan asale, layang bisa kaperang dadi papat, yaiku :
a. Surat (layang) resmi.
b. Surat ( layang ) dinas.
c. Surat ( layang) niaga
d. Surat (layang) pribadhi.
Peprincene gawe layang :
1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :
a. Rinengga sugenging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.
3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep - arep supaya kang dikirimi uga slamet.
4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.
5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :
a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.
Parakan, 21 Agustus 2008
7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c.Adhimu saka paran, lsp
8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.
9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.
B. Tuladha gawe layang
1. Layang anak marang wong tuwa.
Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)
Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.
Sembah sungkem, (2)
Kanthi
lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing
Semarang tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun
kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak sah Ibu
ugi mekaten. amin. (3)
Kajawi
punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun
arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika
sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi
kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih
sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing
berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika
kanthi biji ingkang sae, amin. (4)
Ing
wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet
malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu,
kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Semarang, 26 Nopember 2008
(7) Saking ingkang putra
(8)
(9) Hadi Prawira
2. Layang ulem
Nambut silaning akrami:
Dra. NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat
KRT. Tedjaningrat
Kaliyan
Drs. MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan
Letkol Sumaryan
Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula
angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing
wiwahan panggih/dhaupipun anak kula penganten kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur nuwun sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih
KRT. Tedjaningrat Kekalih
3.Tuladha Serat Ulem Supitan
Supitan:
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
2. BAGUS WARDAYA
Gresipun:
Jumuah Wage, 8 Desember 2006
Pukul 09.00 enjang
ing Dokter Supit Padmasuri
Jampiroso Temanggung
Jumuah Wage, 8 Desember 2006
Pukul 09.00 enjang
ing Dokter Supit Padmasuri
Jampiroso Temanggung
Parakan, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
Sela Darmaji Kekalih
4. layang Kitir Lelayu
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
Sampun
tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr.
Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip
1939) pukul 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna:
KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)
(Yuswa 80 taun)
Layon
badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa
Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2006 pukul
14.00
Ngayogyakarta, 24 Desember 2006
Ingkang duhkita
*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)
0 komentar:
Posting Komentar