Apersepsi;
Bandingake pepindhan lan sanepa kanthi tuladha
“Eseme legi madu” lan “Eseme pait madu”
Padhane; padha=padha tembung kang ateges mbangetke
Bedane ; tembung kang deiengge;
”Legi madu” tembung kang gadhah teges sami kaliyan tembung kang kaserat.
“Pait madu” kalebet tembung kosok balen.
1. Tegese sanepa
Sanepa
yaiku unen-unen bangsane pepindhan, angemu surasa mbangetake, nanging
nganggo tembung sing tegese kosok balek karo karepe.
2. Tuladha :
Ambune arun jamban = ambune banger banget
Awake kuru aking = awake kuru banget
Balunge atos debog = balunge empuk banget
Barang aji godhong garing = barange ora aji babar pisan
Bobote abot kapuk = bebeote abot merang segedheng = bobote entheng banget
Cahyane abang dluwang = cahyane pucet banget
Dedege dhuwur kencur = dedege cendhek banget
Enggale suwe banyu sinaring = wektune cepet banget
Eseme pait madu = eseme manis banget
Kawruhe jero tapak meri = kawruhe sethitik
Tatune arang kranjang = tatune kaeh banget
Kulite wuled gedhong lumbu = kulite mbedhel banget
Lemune banjo tampah = lemune bunder banget
Pekulitane kuning silit kwali = pakulitane ireng banget
Pamadenge kadhep tesmak = pamandhenge njinggleng
Pikirane landhep dengkul = pikirane bodho banget
Playune lonjong botor = playune banter banget
Playune rindhik asu digithik = playune banter banget
Polehe enteng kitiran = polehe rogeh banget
Rasane legi bratewali = rasane pait banget
Rembuge peret beton = rembuge peret banget
Sesrawungan renggang gula = sesrawungange raket banget
Tembunge pait madu = tembunge manis banget
Tembunge resik peceren = tembunge rusuh banget
Ulate bening leri = ulate mrengut/mbesengut banget.
Utenge arang wulu kucing = utange akeh banget
Wektune suwe mijet suwe wohing ranti = wektune sedhela banget
Wujude agal glepung = wujude lembut banget
Adheme njengkut = adhembanget
Petenge dumuk irung = peteng banget
3. Carane gawe tuladha sanepa
a) Damela tembung asalipun kadosta ; “mripat”
b) Tembung ingkang kalih, tembung kosok balen; “merem”
c) Tembung sakbanjure uga tembung kang gadhahi sipat kosok balen; “iwak”
d) Karengken dados “ mripate merem iwak” tegese (mripate melek wae).
Archive
Categories
- agama (9)
- bahasa jawa (9)
- belajar php (10)
- blog (44)
- budidaya (13)
- cara memasak (14)
- fisika (4)
- internet (1)
- ips (12)
- kesehatan (5)
- kewirausahhan (12)
- kimia (3)
- komputer (16)
- limbah (22)
- matematika (1)
- memperbaiki handphone (13)
- pendidikan (23)
- pendidikan kewarganegaran (22)
- story (15)
- tentang burung (3)
Kamis, 26 April 2012
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Popular Posts
-
Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2 a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi b. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing pr...
-
Kegiatan surat menyurat merupakan bagian dari pekerjaan administratif dimana merupakan bagian dari unit administrasi. Pengertian Surat Pen...
-
Smash adalah suatu pukulan yang kuat dimana tangan kontak dengan bola secara penuh pada bagian atas, sehingga jalannya bola terjal deng...
-
1. Contoh Surat Undangan Mugi Katur Panjenenganipun Bpk./Ibu/Sdr.________ wonten ing Palenggahan. Bissmillahirohmaanirrohim Assalamu ...
-
Dalam kehidupan sehari-hari kita sering dihadapi tugas untuk membuat Contoh Surat Edaran Sederhana . Tampak sepele sih, tapi surat ini sa...
-
Inggris adalah Negara kerajaan tertua di dunia. Juga Negara yang mempunyai persemakmuran paling banyak. Selain itu,inggris memberikan kont...
0 komentar:
Posting Komentar